Selasa, 01 Februari 2011

Komunitas sholawat Jabalkat


Komunitas Sholawat Jabalkat

PIDATO TANGGAP WACANA KETUA PANITIA BABAGAN NARKOBA

TULADHA PIDATO TANGGAP WACANA BABAGAN NARKOBA

Assalamu’alaikum wr.wb

Bapa Suwarno minangka kepala kelurahan ,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,, ingkang luhuring budhi
Bapa Paryanto minangka petugas saking dinas Kesehatan kito Salatiga ingkang dahat kinabekten
Para kadang werdha mudha karang taruna ,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,Kito Saltiga ingkang winantu bagya mulya, dalah para tamu kakung putri ingkang stuhu pantes sinudarsana .


Ngengeti panjenengan sedaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawaseso dening Gusti Ingkang Maha Kuwasa, pramila sumagga panjenengan sedaya kulo dheareaken ngunjuakaen raos puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi , awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya lan kula, saget kempal manunggal wonten ing Aula puniko tan manggih rubeda tuwin sambikala.

Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi

Keparenga kulo ing mriki minangka ketua panitia penyelenggara ngaturaken pambagya wilujeng sugeng rawuh,ugi ngaturaken agengin panuwun, dene panjengan sedhaya sampun kepareng nyisihaken wekdal saperlu minangkani atur panyuwunipun saking Panitia penyelenggara kagem nderek midangetaken menggah sesorah ngingihi bahaya narkoba ingkang samangke badhe kaauturaken dening Bapa Paryanto.

Para rawuh kakung putri Ingkang pantes sinudharsan

Saking panitia ugi Ngaturaken agungin panuwun dhumateng para warga masyarakat ingkang sampun kepareng paring pambiyantu awujud punapa kemawon , satmah pasamuan ing ndalu punika saget kasembadan kanthi sae. Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pinaringan leliru saking Allah SWT, lan hanambahono arum kuncaraning amsa panjengenan wonten ing madyaning bebrayan agung, Amin,,






Para rawuh kakung putri ingkang winantu ing basuki

Remaja meniko satunggaling tiyang ingkang dereng mateng wonten ing bebrayan utawi wonten ing sesrawungan, amargi pyambakipun tasih wonten ing masa transisi saking bocah dateng tiyang dewasa.
Amargi kawontenan ingkang mekaten remaja dipun sebat dereng mateng.
Remaja ugi disebat usia ingkang nembe pados identitasipun piyambak utawi jatidiri. Mila saking menika pasamuan ing ndalu punika gadahi ancas nebihaken para remaja saking perkawis ingkang mboten sae, utaminipun ingkang hubunganipun kalian narkoba.

Para rawuh kakung putri ingkang mahambeg budhi darma

Mugi kanthi wontenipun penyuluhan bahaya narkoba punika,khusuipun kagem para kawula mudha kelurahan ,,,,,,,,,,,,,,,,, katebihaken saking perkawis babagan narkoba, satemah dados remaja ingkang sehat jasmani tuwin rohani.

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan

Kulo sarencang minangka panitia penyelenggara hanglenggana, sanajan pasamuan ndalu punika sampun katata lan karacik dangu saderengipun, kula pitados taksih wonten kirang lan kuciwanipun, panitia namung hanyenyadhang lumebering samdudra pangaksama.

Salajengipun mugi kapareng dumugekaken lelenggahan ngantos dumugining paripurna.

Pepuntoning atur, kula minangka sesulih atur saking panitia , wiwit purwa madya ngantos wusana mbok bilih anggen kula
sowan lan matur ing ngarso panjenengan wonten tuna dungkaping tumindak lan galap gangsuling atur, mugi diagungna ing pangapura

Mangga sami asesanti:
"SURA DIRA JAYA NINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI"

- INGKANG BADHE DHATENG KEDAH LANGKUNG SAE TINIMBANG INGKANG KAPENGKER

Wassalau’alikum wr.wb.